Jumat, 01 Agustus 2014

Pantun Jawa : Presiden Indonesia 1-5

‪#‎Paling‬ mulyo presiden soekarno
sing merjuangno negoro merdeko
malah di copot di ganti soeharto
‪#‎Pak‬ soeharto kakehen korupsi
duite akeh ora gelem di bagi-bagi
banjur di lorot di ganti habiebi
#Paling melas iku pak habiebi
durung setahun wis kon angkat kaki
habibi mundur banjur diganti gusdur
#pak gusdur iku pak kyai
pak kyai sing teko jawa timur
wis apik gusdur lho kok dikon mundur
‪#‎banjur‬ presidene megawati
sing karene pembawa reformasi
sing jarene pembawa aspirasi
malah mentrine akeh sing ngapusi
#paling enak sing dadi garong
bondone akeh uripe neng gedong
ndilalah garong ora koyo grandong
#paling enak sing dadi copet
duite akeh rak bakal kepepet
ndilalah copet uripe awet
#paling enak sing dadi maling
saben wengi kerjane keliling
ndilalah maling dadi wong penting

Tidak ada komentar: